Selasa, 04 Oktober 2011

Swan,Bondan,Yunar dan Mas Dien 15 tahun yang lalu

Iki yo gur pengeling2 supoyo awake dw isoh intropeksi.Dijupuk sing apik sing ala dibuang adoh..
Crita iki wis tak simpen naka 16th.Kedadeyane yo nandi meneh nek ra mushola sing awake dw banggakan.. Aq ki dasar cah rausus tur kurang ajar.
Sore iku bar sholat Maghrib...
Sak lebare ngaji,kabeh podho lungguh2 nang teras..ana cah akeh sak kelinganku gur kancane awake dw sing podo ditresnani Maryanto.. Iseng2 ngenteni Isya' geguyon ngalor ngidul nganti ra sadar nek sakjane akeh wong nang njero sing podo ra seneng.Salah sijine SWAN,mesti do ngerti kbh.Anak yatim berakhlak mulia tp jd aneh mnrt awake dw mbasan melu aliran bela diri Khowas..Asline sih ra aneh gur kita iki sing raiso mahami apa kekarepane,apa pikirane lan liya2ne. Wis rasah dibahas..
Kayane ngobrol terus ra asik nek ora karo dolanan.. Ngrogoh2 sak wah ana duit 50 gelo.Iseng ayo tebak2an karo duite diputer sing metu angka apa manuk.Suwening suwe kurang greget,kudu digawe ben tambah rame.Aq mlebu njupuk kertas tak suwek tak gawe gambar.Gawe kotak diparo loro siji ditulisi duit/angka 50 kotak sijine gambar manuk.Dasar mbiyen cah golekan gambare udu manuk tp 'kantong minyak sak teronge'.. Sing podo maen tmbh semangat!soyo rame..sorak2 barang.SWAN sing ket mau ngampet muring,,muntab!!! "Dho ngopo iki,iki nang langgar?!" raine abang koyo bokong munyuk. Menyeruak nang kerumunan gambare dijupuk.. Apes!! Tnpa ampun digawa ngingklik diserahke TANTE sing wayah semono rupane ayu bgt koyo BCL..(tp udu Blm Cebok Lari)..
Diam mematung tante nang ngarep teras,ra kemecap sak mit-mita.Gerombolan penjudi sinting cep! Tanpo suara.. Akhire merga kisinan aq klithih2 meninggalkan langgar tanpa jejak diikuti rombongan kae mau.Ra peduli karo SWAN sing tersenyum penuh kemenangan..
Semono ae kisahku.. pelajaran moralnya adl... Jgn nggambar sesuatu yg perempuan sukai!
Pas mulih neng tengah ndalan weroh bangunan yang sangat legendaris. Lha py angger liwat mesti langsung bengok2!! NANGING MBOTEN SAGET DIPUN GAWE SAKING BOTO MANGKIH NDAK SUMUK!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar